Kamis, 11 September 2014

Tradisi Aturan dalam Menanak Nasi di timur Cirebon



Area kebun tebu di Karangsuwung, tenggara Cirebon tahun 1920


Di daerah sekitar timur Cirebon, pada jaman dahulu terdapat tradisi dan aturan adat pada kaum tani, bahwa apabila sedang menanak nasi maka tidak diperkenankan membuka penutup panci untuk menanak nasi tersebut dan dilarang membuka pintu dapur, sekalipun ada tamu yang mengetuk pintu. Hukum adat berupa larangan biasa dikenal dengan nama pantangan atau pamali.
Ini memang sudah menjadi kebiasaan pada orang-orang kampung yang ada di berbagai daerah di Jawa untuk menutup pintu dapur pada saat menanak nasi. Sebelum memulai memasak, segala sesuatu yang diperlukan seperti kayu bakar, air, ketel dan lain sebagainya harus sudah dibawa ke dapur.

Sebuah peralatan rumah tangga dari bambu khas Cirebon (Tenong Cepak) tahun 1910

Tenong Susun

Juru masak harus tetap berada di dapur sampai beras menjadi matang dan nasi di simpan di bakul. Bahkan, sekiranya ada tamu yang berkunjung pun boleh diabaikan seolah-olah sedang tidak berada di rumah. Sebab kalau diladeni akan timbul masalah yaitu pintu harus dibuka kembali. Tradisi lama ini dipegang teguh karena mereka takut akan konsekuensi yang akan timbul  berupa nasi yang ditanak tak juga mendidih atau menjadi beras kembali. Semua orang di desa memahami larangan ini, sehingga tidak boleh ada orang yang masuk ke dapur pada saat waktunya orang sedang menanak nasi.

Tempat nasi dari anyaman bambu khas Cirebon (Sumbul)

Hal ini dapat kita ketahui pula dari catatan R.A. Soemeri tentang legenda menanak nasi yang di muat di Jurnal Java Institut yang terbit pada tanggal 1 April 1933 dengan menggunakan bahasa Babasan. Selengkapnya catatan tersebut saya sertakan di bawah ini:

Kaki Tani Kaliyan Nini Tani

Wiwit ing jaman kina, manawi wontën tiyang tani bëtak, adatipun kori pawon dipun inëb; sanajan wontën tamu boten kénging dipun panggihi, bilih sëkul dèrèng matëng; sasampunipun matëng, manawi sëkulipun sampun dipun wadahi, sawëg purun ngëblag korinipun. Ing sadèrèngipun bëtak nyadiyakaken kajëng tuwin toya rumiyin. Punika saèstunipun niru jaman tiyang tani ing kina, awit ing jaman samantën wonten satunggiling tiyang èstri ingkang panuju bëtak, badé késah datëng lèpèn, prëlu sëné. Nini Tani wicanten datëng ingkang jalër: "Kiyai, aja wani kowé ambukak liwëtan, jaganën gëniné baé".
Sasampunipun katilar Kiyai Tani gadah panggraita makatën: "Eh, wong wadon nglarangi aku niliki liwëtan ana apa ?"
Boten dangu pun Kiyai lajëng nyobi bikak liwëtan; sarëng liwëtan dipun ungkabi, pantun ingkang sampun dados sëkul, malih dados pantun malih. Punika dipun wastani "kamanungsan". Ing jaman kina salërësipun tiyang Jawi manawi ngolah sëkul, pantun tërus dipun bëtak dalah gèdènganipun, boten mawi dipun gëntang rumiyin.
Sadaya tiyang dusun ingkang mirëng lajëng sami ajrih sangët. Pramila lajëng dipun awisi boten kénging tiyang lumëbët ing pawon ing wancinipun tiyang bëtak.
Kacariyos Nini Tani ing ngajëng sarëng wangsul saking lèpèn, kagèt sumërëp, déné sarëng sëkulipun badé dipun ëntas, taksih lëstantun dados pantun, lajëng kacariyos makatën : "O, Kiyai, wis bëgjaku, kudu saméné pastiné. Saka kumakimu dadi kowé uga këpëksa nyambut gawé. Kowé kudu nganakaké lumpang, alu, tampah, tébok".
Manut cariyosipun tiyang kina, tiyang-tiyang lajëng wiwit damël lumpang kaliyan alu, awit dèrèng wontën. Lajëng kados limrahipun jaman sapunika pantun këdah dipun gëntang rumiyin. 


Dikisahkan oleh R. A. Soemèri, Djawa: jurnal dari Java Institute, Volume 13, Nomor 2, 1 April 1933